RSS

serat rasa jati

20 Des

LUKITANING RASA JATI

Rasa sejati pinangkanipun saking Gusti Allah. Tanpa rasa sejati, manungsa boten leres wonten ngarsaning Pangeran.

PUPUH I

ASMARANDANA

01

Rasa sejatinya jalmi, kanggonan rasaning Allah,sejati temen tegese,manungsa ingkang kanggonan, mring temennya Pangeran,darbe rasa jatinipun, marma Allah temen pyambak.

02

Wateknya rasa sejati, kalangen mring katemenan, sengsem mring kanyataane, den pilalah lara lapa, tan arsa karya cidra, sengit mring catur andlurung, trisna mring catur kang nyata.

03

Embaning sukma sejati, yaiku rasa kang seca,sukma suci pangiride, kang nuntun mring kataan, tan arsa tetepungan, mring pakarya ingkang luput, malalah mijil pamelahnya.

04

Pitulunging sukma suci, marang sejatinya rasa, ngrowangi karya sirnane, rasa kang ala punika, ingkang sengsem mring dosa, supaya uripnya iku, anut sejatining rasa.

05

Wong anut rasa sejati, kalangkung suka pirena, mring pakarya becik kabeh, nyegah mring pakarya ala, siyang latri tan pegat, madhep mring tindak kang tuhu, ing ngabyantara Pangeran.

06

Sukma suci tansah kanthi, ngrowangi sejati rasa marma dahat ing trisnane, dennya atunggal karenan, siyang latri tan pisah, selaminya asih lulut, anut lan palastra.

07

Kang kalih saeka kapti, tegese nunggal ing karsa, saeka praya ciptane, karsanya sejati rasa, inguja saben dina, dahat dennya anjumurung, mring karsa sejati rasa.

08

Sarehning rasa sejati, ngembang sejatining sukma, sukma suci anut bae, kautus dening Gustinya, nulung sejati rasa, atas karsane Hyang Agung, tindaknya sukma kang mulya.

09

Wateking rasa sejati, sengit marang kadurjanan, mring becik dahat asihe, becik trus rasaning driya, tuhu suci ing karsa, siyang latri amanekung, mring Allah kang Maha Mulya.

10

Tan pegat muja semedi, lir pendah ilining tirta, siyang latri mili bae, lirnya mikir lan ambudya, engeting jati rasa, siyang latri ya lumintu, angesthi angestu pada.

11

Ngucap tobat ping sakethi, ngucap kapok ping sayuta, yen suwung rasa jatine, pangucapnya kadya ampas, liring ampas pan sepa, tan katrima mring Hyang Agung, wit Allah priksa meing cipta.

12

Salat gaib rasa jati, konjuk mring Gusti Allah, Hyang Widi mengku gaibe, tan arsa ginunggung jalma, ngesti nggunggung Pangeran, iku sujud kang satuhu, renaning sejati rasa.

Suraosing gesang ingkang nunggil kaliyan suraosing Gusti Allah, punika kahurmatan lan pangabekti, saged langgeng wonten ing pejah saha gesang, punapa malih begja utawi cilaka.

PUPUH II

DHANDHANGGULA

01

Wateknya ingkang rasa sejati, asring sungkawa marang dosanya, dosa sajroning batine, dosa alus punika, lelabeting dosa ing uni, ingkang wus den apura, kalawan Hyang Agung, pan isih sumandhing tunggal, nging asring kagodha rasa sejati, marma asring sungkawa.

02

Rasa seca tan arsa mring sisip, lan tan arsa ngucap lalincutan, miwah catur mencla-mencle, ngesthi ngucap satuhu, lathi lidah ingkang ngladeni, karsanya ingkang seca, ywa manabda lunyu, lathi cidra singkirana, lamis lonyot ulas-ulas, tedheng aling-aling, binirataywa eman!.

03

Lamun anut mring rasa sejati, masthi datan kena ing rencana, ing salaminya uripe, nadyan tumekeng lampus, maksih angantepi mring yekti, dyan mati : rasa gesang, ingetung puniki ; pametungnya rasa seca, sarta malih ambeging rasa sayekti, dyan miskin mantep seca.

04

Temen ing ngarsaning Maha Suci, temen ugi ing ngarsa pra janma, iku temen sanyatane, pun temen ngajak luhur, yen dhasar temen trus ing ati, apan seca wacana, rasa kang satuhu, njunjung sejatining sukma, aneng donya tinulung mring sukma suci, kang badan nulya pasrah.

05

Ati wekel ngirid marang mukti, tuhu temen anjunjung mring drajat, lumuntur mring sih gedhe, wondene langgeng tuhu, mijilaken asih ing ati, pan iku aran urmat sejatinya iku, urmat mijil saking driya, pan puniku ingaran urmat sejati, ing ngarsaning Hyang Suksma.

06

Barang karsa tinimbang rumiyin, apa karya arjaning sesama, apa dadya ing rusake, karya sukaning kalbu, punapi temahaning wuri, lereh lirih tinimbang, mring rasa kang tuhu, ywa ngarah nikmat pribadya, yen wus cocok karsanya Hyang Maha Suci, tumulya linakonan.

07

Surasa lan mirasa sejati, loro iku reringkesnya eca, dudu ecaning badane, dudu ecaning turu, dudu ecanya lamun sugih, dudu ecaning raga, eca rasa alus, surasa nunggal ing Allah, pan puniku surasa ingkang sejati, rasa jroning wardaya.

08

Rasa ayem lan tentrem jro ati, senadyan jroning kasusahan, rasa rena ing atine, rasa marem ing kalbu, cipta rasa tunggal Hyang Widi, iku rasa kang nyata, rasanya Hyang Agung, dudu rasa dhadhaharan, nanging iku rasa nikmat jroning ati, ing ngarsanya Hyang Suksma.

Manungsa ingkang nampeni dhawuhing Gusti Allah punika ingkang kangenan rasa sejati. Gadhah kamukten salebetipun nandhang nistha, saha kabegjan salebetipun sangsara. Tindaking gesangipun mboten miturut raosing hawa napsu.

PUPUN III

SINOM

01

Surasa kang sejatinya, mung dhawuhe Hyang Maha Suci, surasa ingkang mirasa, tegesnya nikmat pribadi, datan wonten kang nyami, sanadyan eca sadarum, nglangkungi samudaya, lamun tinimbang sayekti, dening janma ingkang wus bangkit pangrasa.

02

Janma kang durung angrasa, ecaning dhawuh Hyang Widi, durung weruh mring surasa, ingkang mirasa sayekti, mung surasaning daging, wus lumrah janma sadarum, mung eca aneng lidah, gula tukon lawan ngutil, rasanya mring lidah leginya pan samya.

03

Nging jro kalbu kraos beda, lamun den timbang sayekti, keh janma tan arsa nimbang, mung sengsem nikmating lathi, kang wus rasa sejati, pana niku datan kolu, rasa amin datan arsa, puniku rasa sejati, marma rasa sejati rasa sanyata.

04

Janma darbe rasa nyata, yen manggih baranging janmi, sanadyan agung artinya, apadene yen sathithik, tamtu tan kolu ngati, daruna rasaning kalbu, wus sejatining rasa, pan puniku rasa amin, rasa amin tumepung mring rasa Allah.

05

Tan ngucap dudu lan iya, yen “iya” pan “iya” yekti, tan arsa tedheng wacana, yen ngucap terus ing ngati, dudu sejati puniku, rasa jati tan arsa, yen dudu rasa sanyata.

06

Kena ginawa melarat, pan kena ginawa sugih, ya kena ginawa lara, kena ginawa ngemasi, mati marga sayekti, mati urip jatinipun, mati mungguh ing raga, sukma sejatinya urip, jroning pati sayektinya aneng gesang.

07

Aneng eca jroning lara, aneng mukti jroning pati, aneng sugih jroning mlarat, aneng suka jroning sedhih neng aji jroning isin, jroning asor aneng luhur, jro kalah ana menang, aneng wujud jroning gaib, baa gaib iku tegesenya samar.

08

Samar mring netranya janma, wujud netranya Hyang Widi, basa wujud iku : ana, samar ing netranya janmi, Allah ingkang nyimpeni, temennya janma sadarum, tamtu tan bisa musna, welasnya sawiji-wiji, sandyan ingkang becik lawan kang ala.

Tiyang ingkang kanggenan rasa sejati punika mikir lan ngatos-atos menggah ing tindakaing gesangipun.

PUPUH IV

K I N A N T H I

01

Sejatining rasa iku, temen ing ngarsa Hyang Widi, marma den bangkit angrasa, mring dhawuhnya Maha Suci, pan iku surasa mulya, surasa ingkang linuwih.

02

Panindak ing donya iku, tumindaknya para janmi, mung eca raosing lidah kelawan ecaning lathi, lan eca priksanya tingal, tanpa rasa jroning ati.

03

Daruna atinya suwung, tan isi rasa sejati, kalindhih mring rasa ala, lan rasa peneuting daging, tuwin rasa drengki srakah, tebih mring rasanya Gusti.

04

beda lan rasa satuhu, tepung mring rasanya Gusti, andhap asor jroning driya, lereh lirih jroning pikir, sanadyan nabda sawanda, tinimbang lan jroning ati.

05

panabda kang mijil iku, condhong mring rasaning ati, aneng ngarsanya Hyang Suksma, tan nabda kang guru wani, tan anut enthenging lidhah, anut pikir kang sayekti.

06

Lamun wus mijil ing tembung, yen tan kanthi rasa yekti, pan dinuga wus kadosan, Mring Allah kang Maha Suci, iku watek rasa nyata, marma datan nulya angling.

07

Lah, punapi gunanipun, janma nabda mung kalahir, datan kanthi rasa nyata, pan duraka animbuhi, antuk dosa mring Hyang Suksma, ing donya mring akerat neki.

08

Rasa jati watekipun, karya becik sakeh janmi, kalawan mring kadang warga, suka becik anglangkungi, nadyan kinarya sungkawa, utawi winales serik.

09

Rinujita jroning kalbu, winuwus sajroning ati, wus tindaknya ngalam donya, arang kang eling mring asih, bobote Gusti piyambak, winales ala mring murid.

10

Tan ngamungaken puniku, nadyan Allah Maha suci, dahat asih tuwin murah, prandene arang kang eling, mring tresnanya Gusti Allah suprandene den sabari.

11

Mangkana rasanya kalbu, wong darbe rasa sejati, mring kuat sabaring driya, murih bangkit anglampahi, sirnaning durta angkara, tumanem angga pribadi.

12

Nglampahikarsa Hyang Agung, tumindak karsaning Gusti, sarasa mring Gusti Allah anunggal rasa mring Gusti, amrih tulus ing pamuja, kalawan rasa sayekti.

13

Puja tan mangkono iku, suwung ngarsaning Hyang Widi, endi aran kalakuwan, yen tan sabar marang juti, tan wurung anut mring dhustha, kena ginodha ing iblis.

Gesang tanpa rasa sejati punika gesang tanpa guna, kados dene ukoraneki “urip iku minangka uyahing jagad, mangka manawa uyah iku ilang asine, kang kagawe mulihake asine apa? Wus ora ana paedahe apa-apa …. kajaba mung dibuwang lan kedakan dening wong”.

PUPUH V

P O C U N G

01

Munggweng sekar : piguna gandanya arum, dene munggweng uyah, migunani mring rasa asin, janma guna mring rasa ingkang sanyata.

02

Ngandel Allah : gunanya mring rasa terus nebut maring Allah, gunaning rasa sayekti, tyang sembahyang gunanya rasaning driya.

03

Sawarnanya : dhadharan pan sadarum, gunanya yen eca, gunanya gula yen legi, janma nabda : kang miguna kanyatan-nya.

04

Lamun janma : lawan suwung jroning kalbu, tan isi sanyata, kadya batinnya kang iblis, lamun nabda, mijil ingkang tembung ala.

05

Mugi eling : mring iblis kala rumuhun, mbujuk Ibu Kawa, akarya marganing pati, myang iblis dadya juru mateni janma.

06

Pan den emut : lamun mijil ing pamuwus, ywa nilar kang rasa, raos sajatining urip, marga urip iku sajatining sukma.

07

Ingkang rasa : emban-nya suksma puniku, yen lampus kang rasa, sukma jati anut mati, lirnya datan darbe urip ing klanggengan.

08

Rasa jati : yaiku urip satuhu, rasa temen driya, uga temen jroning ati, saranduning sarira ambantu samya.

09

Temen ingkang : ngajak trisna myang satuhu, mring becik sanyata, myang sabar ingkang sayekti, suci, adil, tuhu, temen lan prasaja.

10

Ngajak blaka : kalawan seca puniku, ing ngarsanya Allah, myang ngajengnya para janmi, kang supaya terang padhang lan pratela.

11

Rasa jati : tan uwas maras ing kalbu, sumangyeng mring Allah, nadyan lara tekeng pati, lamun lampus rumaseng mantuk mring suwarga.

12

Saben rina : sedyanya sajroning kalbu, bilih tekeng mangsa, pinundhut Hyang Maha Suci, tinggal raga, prasasat santun busana.

13

Pangrasanya : aneng donya mondhok namung akanthi sungkawa, marga godha warni-warni, saben ari myarsa swaranya dosa.

14

Rasa tuhu : bangkit, eling wijilipun, pan wijil ing swarga, nalika nunggal Hyang Widi, ing kono wijilnya sajatining rasa.

Tiyang ingkang temen ing batos punika gadhah gesang langgeng, gesangipun rosa sarta mantep, boten kados dene baita ingkang kaoncat-ancitaken dening ombak.

PUPUH VI

P A N G K U R

01

Tyang kang wus temen batinya, gunging tindak lan manabda pan yekti, pangandelnya mring Hyang Agung, tan mandheg mangu ing tyas, pracayeng mring Gusti Hayang Agung, ing tyas tan araga-raga, mantep yekti jroning ati.

02

Trisnanya tan nganggang-anggang, nadyan mring Hyang Widi, tuwin mring sanak sadulur, akanthi kasucian, pan mangkono wateknya rasa satuhu, sadarum kalawan nyata, wijil saking temen ati.

03

Kathah tiyang sugih kencana, tuwin kathah janma asugih ngelmi, nanging tyang temen ing kalbu, punika awis arang, marma janma ingkang temen tuhu terus, iku sejatining janma, wus darbe urip sejati.

04

Lir urip satemennya, awit donya tumekeng akerat neki, urip langgeng wastanepun, iku uriping sukma, kang den wengku mring rasa sejatinipun, kang mawa bawa leksana, amijil labet syekti.

05

Tuhu temen darbe purba, amurwani dugeng wekasan neki, temen nanuntun mring tulus, myang darbe engetannya, bangkit tutug samubarang sedyaning laku, tinulung roh ing Allah, daruna temen ing ati.

06

Myang dora tan darbe purba, bangkit murwani, tan bangkit mungkasi, samubarang sedyanya wurung, sanadyan angawula, myang sanadyan atapabrata mring gunung, yen tan tumemen ing driya, sagung karsa tan dumadi.

07

Nadyan janma kang sembahyang, myang janma ngabekti mring Maha Suci, yen tan dhasar satuhu, pan iku tanpa guna, nadyan payah lathi, lidhah, badanipun, tan katrima mring Hyang Sukma, malah duraka mimbuhi.

08

Gusti Allah temen nyata, tan arsa milih mring sawiji janmi, tan milih mring para ratu, tan milih pra bupatya, nanging milih kang tumemen rasa tuhu, daruna Allah pribadya, dahat tuhu temen neki.

09

Gusti Allah munggweng swarga, nanging pra janma munggweng donya neki, yen darbe rasa satuhu, nunggal rasa mring Allah, Gusti Allah tetulung mring janma iku, lumantar rohnya pribadya, pan puniku sukma suci.

10

Upama yayah myang putra, lan malih ingkang bendara myang abdi, yen rasanya tunggal tuhu, yayah nulungi putra, myang bendara nulungi mring abdinipun, pang mangkono munggeng Allah, nulungi janma kang yekti.

11

Nyata tiyang sejati rasa, tan arsa jumurung mring kang tan yekti, mangkono wataknya kalbu, sandyan aneng ngabyantara Sang Prabu, tan molah-malih aturnya, panggah mantep atur neki.

12

Tan arsa dora manabda, nadyan tinandukan manabda manis, tyang tindak-tanduk kang alus, sanadyan ingopahan, tan arsa mring mangrapu basa puniku, nadyan malih ing ngajrihan, datan ngekes jroning ati.

13

Pangarjita ing wardaya, nadyan tekeng titimangsanya pati, yen marganing seca tuhu, iku sedyaning rasa, esthinya ssejatining uri puniku, sarana tekad sanyata, donya trusing akerat neki.

14

Sanadyan miskin myang kaya, urip kanthi tentrem marem ing ati, tan darbe murkaning kalbu, tansah gung panarima, tansah rumangsa sugih lir pendah ratu, myang badan kadya wit pisang, pisah sukma bosok nuli.

15

Prameswari lan Narendra, ing wuri tamtu basah lawan bacin, nadyan putri ayu langkung, wuri mangkono uga, saking dosa purwannya, tyang keneng lampus, wus tan kena sinelakan, dumrojog yen wus pinasthi.

Wit kang becik iku ora bisa ngetokake woh kang ala, lan wit kang gering iku ora bisa ngetokake woh kang becik.

PUPUH VII

MASKUMAMBANG

01

Lamun janma kanggonan rasa sejati, datan alumah, anyaring karsaning budi, sanadyan mangan lan nyandhang.

02

Lan tinimbang lan praptanya ingkang bukti, nrima saananya, idhep-idhep nglakoni, mring karsanya Gusti Allah.

03

Yen wungu, ngadeg, lenggah, tansah ambudi, murih tinarima, mring Allah kang Maha Suci, mangkono ciptaning rasa.

04

Nambut karya kalawan tuhuning ati, ing saben arinya, antuk kedhik, nedha thithik, antuk agung, nedha kathah.

05

Lamun dakan mangkono ingkang pambudi, tan dadya tyang nyata, tan nrimeng pandumnya Widi, myang anggrangsang aluamah.

06

Lawan antuk pangonggronging para janmi, sembrana andadra, supaya myang karsa gusti, pan mimbuhi mring duraka.

07

Angel, ewuh, janma ngawulwng mring Gusti, myang ngawuleng Allah, ayun paraken mring Gusti, lumantara saking nyata.

08

Lamun ngaji unining Kitab kang Suci, parlu pan rinasa, surasanya kang sayekti, nulya sinimpen ing driya.

09

Lamun ngaji aliya Kitab kang Suci, myang tulis mawarna, becik rinasa sayekti, kang muni jroning tulisnya.

10

Sagung karsa, ngadeg, lenggah pan ambudi, supayeng tambahnya, kang dadya sektining batin, pamijilnya kanyataan.

11

Upami sekar gadhing, kenanga, melathi, mijil ingkang ganda, arunya pan angambari, myang tinariksa mirana.

12

Tuhuning tyas mijil ingkang ganda becik, ngambar mring manungsa, ingkang warta meratani, binekta sewaraning janma.

13

Umpaminya : wit blimbing pan awoh blimbing, janma tuhu seca, mring rasa ingkang sejati, tamtu awoh kanyataan.

14

Pan iku panengran ingkang sejati, tyang temen ing driya, tan kena binekten sisip, ing donya tekeng ngakerat.

15

Ati becik mijilken pakaryan becik, lamun ati ala, umijil pakarya sisip, tan becik donya myang kerat.

16

Gandanya lampus myang ganda ingkang urip, tamtu kawistara, ganda becik marang urip, ganda ala mring palastra.

Sa-ngalam donya punika betah tiyang temen.

PUPUH VIII

M E G A T R U H

01

Sapa temen, tinemenan mring Hyang Agung, pamintanya kinabuli, ing donya myang keratipun, wus malbeng bebasan neki, jangka, prapta, cipta dados.

02

Pangarsaning paminta, yen kanthi laku, wus wajib bangkit anampi, yen mring laku kang satuhu, tan kekilapan Hyang Widi, mring tyang tuhu temen batos.

03

Lan malih janma kang tuhu, temen terus, yen nuju cinoba janmi, pan tinemu seca tuhu, nadyan awarni pawestri, myang busana ingkang mramong.

04

Watak temen pan kautaman kang punjul, datan mijil kang nyameni, sagunging piala luput, datan milik untung najis, mangkono wateking batos.

05

Watak kang tuhu seca kepengin wuwuh, mring tindak becik lan adil, ana ngarsane Hyang Agung, trisna, sabar, andhap budi, ngesthi karsanya Hyang Manon.

06

Watak temen ngungkuli kancana murub, nglengkungi inten kang adi, marga kanggep mring Hyang Agung, kang jumeneng ing suwardi, panggepnya datan pedhot.

07

Katemenan dhasarnya saking Hyang Agung, wijining rasa sejati, amung temenya Hyang Agung, kang tuhu, temen pribadi, iku temening Hyang Manon.

08

Marmanya janma kang tuhu temen terus, benjang kajen mring Hyang Widi, wondene ing donyanipun, ingajenan mring pra janmi, samya pracayeng ing batos.

09

Para manungsa, bangsa asor myang luhur, ngupaya tyang seca yekti, dadya tandha janma tuhu, ingajenan para janmi, lan malih para Sang katong.

10

Pana kawan kalawan gamel puniku, ngupaya tyang temen yekti, kinarya gamel puniku, juru pangon bebek ugi, ngupaya tyang temen yektos.

11

nadyan tyang ambeg ala jutimyang gemblung, yen ingapusan mring janmi, datan narimeng ing kalbu, tamtu mijil ingkang muring, terkadhang nulya anjotos.

12

iku pratandha yen arsa seca tuhu, nanging badanya pribadi, sungkan mring tindak kang tuhu, tyasnya ingkang dadya saksi, tindak mogok mring Hyang Manon.

Tiyang ingkang temen dhumateng Pangeran, dipun welas temen.

PUPUH IX

MIJIL

01

Sapa anut rasa kang sayekti, rukun maring Hyang Manon, sapa anut gorohe, iku ngrojongi setan myang iblis, witing goroh iblis, nging yekti Hyang Agung.

02

Tyang miskin anut mring rasa yekti, begjanya kinaot, nglangkungi janma sugih wijile, marga lir tyang ginodha mring iblis, tan was nganti mati, upamanya iku.

03

Akeh janma ngawula mring iblis, pan datan rumaos, lamun janma arsa mring gorohe, anut mring sedyaning tyas kang sisip, salaminya urip, ngawuleng iblis iku.

04

Suprandene samya ngaku wasis, tan wruh yen kajlomprong, marga suwung ing rasa batine, datan darbe rasa kang sejati, pan samya ngapusi marang sukmanipun.

05

Beda tiyang anut rasa sejati, wus tepung Hyang Manon, Nabi Brahim myang Sarah garwane, kadya Nabi Yunus duk ing nguni, Nabi Dawud ugi.

 
Tinggalkan komentar

Ditulis oleh pada Desember 20, 2011 in halaman

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
%d blogger menyukai ini: